SANDIWARA RADIO
Disusun kalih :
1. Dewima Rima Aini (06)
2. Novia Cecilia Medina (24)
3. Safira Mutia Ramadhanti (27)
4. Sofa Dwi Chasanah (29)
A. Unsur unsur intrinsik
1. Judul : Kaluwarga KASbon
2. Tema : Salah paham
3. Lattar Waktu : Enjing , awan , sonten , ndalu
4. Lattar Tempat : Omahe Kaluwarga Kasbon , SMPN 30 , SMP Ronggolawe , Ngajeng omahe Bu Poniyem
B. Penokohan :
1. Bapak Kasmiyanto ( Bijaksana,apikan,lucu, tritagonis)
2. Ibu Kasyati ( Apikan,seneng kasbon, tritagonis)
3. Mas Kasyan ( Apikan,kendel, Protagonis)
4. Kasrifa/Rifa ( Nesunan,pinter,isinan, antagonis)
5. Kasrida/Rida ( Apikan,lugu,ora pinter, protagonis)
6. Rubiyati ( Pinter,licik,nesunan, antagonis)
7. Partini ( Ngerteni kanca,apikan, tritagonis)
8. Rochmah ( Ngerteni kanca,lugu, protagonis)
C. Alur : Maju
D. Sudut Pandang : Orang ketiga
E. Amanat :
1. Isih cilik aja pacaran , amarga ora apik
2. Kudu bisa pangerten marang kanca
3. Rukun marang sedhulur
4. Aja seneng KASbon
Kaluwarga KASbon
Kacarita , wonten Kaluwarga naminipun Kaluwarga KASbon . Kaluwarga iku diarani Kaluwarga KASbon amargi remen ngutang / KASbon ing Ibu Marfu’ah . Anggota Kaluwarga kasebut inggih menika : Bapak KASmiyanto , Ibu KASyati , lan gadhah 3 putra, inggih menika pambarepe namine KASyan , ingkang gadhah adhek kembar yaiku KASrifa/Rifa , uga kembarane yaiku KASrida/Rida .
Kasrifa lan Kasrida pancen mirip sanget , kanthi ora bisa dibedakake . ingkang dados pambedane inggih menika , Rifa iku pinter , sekolahe ana ing SMPN 30 , lan wonten tanda lahir awujud tompel ing tangane . Dene , Rida iku ora pinter , sekolahe ana ing SMP Ronggolawe , lan mboten wonten tanda lahir tompel kayata Rifa .
BABAK 1
Mangsa ketiga iki , Panas awan kerasa ngentak-ngentak . Kiwa tengen omah gersang mboten wonten wit-wit an . Nalika kuwi , Ibu lagi nggremeng karo kipas-kipas ing cedhak jendela . Ngerti-ngerti Bapak njedul .
Ibu : “ Haduuuuhhhhh ............, pye jal iki ....... ?”
Bapak : “ Wis wis bu ... bu ... , Mbok rak usah di pikir .”
Ibu : “ Lah ,, Bapak ngerti ta , sing di pikir Ibu ?”
Bapak : “ Lha emang ki Ibu lagi mikir apa ta ?”
Ibu : “ E... Lha dalah..... Pak.. Pak.. , Iki lho Pak wis tanggal tuwa .”
Bapak : “ Lha emang napa ta Bu .. yen tanggal tuwa ?”
Ibu: “ Bapak napa mboten kelingan ta ? Kasbon e awake dhewe ki durung dilunasi , sing ning Bu Marfu’ah ki lo Pak .....”
Bapak : “ Bu Marfu’ah sapa meneh ta Bu.. Bu.. ?”
Ibu : “ Hallah.. Pak.. Pak.. , Bu Marfu’ah kok ya ora ngerti , kuwi lho Pak , garwane Pak Madya .”
Bapak : “ Oallaaahhh..... Sing omahe jembare kaya Kuburan kuwi ta Bu..”
Ibu : “ Heh.. Bapak ki lho , mengko yen mireng awak e dhewe ora entuk KASbon meneh lho..”
Bapak : “ O iya ya Bu.. Hehehe.” (karo garuk-garuk)
Ibu : “ O iya Pak , awak e dhewe entuk undangan ing dhaleme Bu Poniyem .”
Bapak : “ Ya wes ta Bu , Ayo mangkat , lumayan mangan gratis .”
Ibu : “ Mangane gratis , lha amplop e ...?”
Bapak : “ Utang Bu Marfu’ah meneh ta Bu.. kadar amplop wae kok.”
Ibu: “ Hallahh... Bapak ki lho , ya maksud e ya isine ta Pak.. Pak.. , wis rak usah utang meneh , mengko utang e dhewe malah tambah gedhe kaya bisul e Bapak ..”
Nalika Bapak kaliyan Ibu lagi kondangan ing Bu Poniyem. Mas Kasyan nembe wae bali sekolah, amarga ora ana lawuh, Mas Kasyan langsung gage turu ing kamar e .
BABAK 2
Ing bedha panggonan , yaiku nalika ing sekolahane Kasrifa/Rifa (SMN 3O) , Rifa lagi pelajaran IPS tugas kelompok , Rifa lagi rembugan kaliyan Rubiyati lan Partini . “tteeeeettttttt,.............” Rak krasa wis bell. wayah e bocah-bocah padha bali , nanging tugas kelompok mau durung rampung .
Rubiyati : “ Duh.. piye iki , tugase durung rampung , wis wayahe mulih lho..”
Partini : “ Sesok dikumpulke sisan.”
Rifa : “ Piye yen Blajar kelompok wae ? sing durung tak golekke ning warnet.”
Rubiyati : “ Ya Aku gelem , tapi ning omahmu ya Ri..”
Partini : “ Mengko sore , Aku karo Rubiyati ning omahmu , tak turu awan ndhisik.”
Rifa : “ Ya wis , ora papa , tak enteni . bar bali sekolah aku tak ning warnet ndhisik .”
Sawise kuwi , Bocah-bocah padha bali menyang omahe dhewe dhewe .
BABAK 3
Panas awan kuwi krasa mbakar kulit , Rifa mlaku tunak-tunuk , dhewe’an menyang omahe . Sawise tekan omah , ora ana sapa-sapa , krasa sepi amarga Mas Kasyan uga lagi turu , Rifa kesel banget , banjur turu ing kamare . Ora suwe Rida bali .
Ora krasa wayah wis sore . Rifa tangi kedandapan amarga lali menyang warnet . Rifa langsung cepet-cepet adhus , salin lan cephak-cephak kanggo sing arep digawa ing warnet . dene pas kuwi Rida uga lagi cephak-cephak arep ngaji .
Rifa : “ Duhh.. Piye ki , aku lali... piye jal ki ?”
Rida : “ Napa ta Fa ?”
Rifa : “ Duh.. piye ki Da ? Aku durung ning warnet, tak ning warnet sek ya Da .”
Rida : “ Lohh.. apa ora ngaji ta Fa ?”
Rifa : “ Aku ijin ke sek ya Da , tugas ku durung rampung .”
Rida : “ Oallaahh... ya wis , tak ijin ke Fa .”
Rifa : “ Ya Da , maturnuwun , wis ya Da tak ning warnet sek , Assalamualaikum.”
Rida : “ Ya , Ati-ati ya Fa .. ya wis , Wa’alaikumsalam .”
Rifa wis mangkat menyaang warnet , nanging Rida arep mangkat ngaji , ngerti-ngerti ana sing nggedok-nggedok lawang . jebule Rubiyati lan Partini .
Rubiyati : “ Assalamualaikum.. Ri...”
Partini : “ Rifa.....”
Rida : “ Ya .. Mengko sek ..” (mlaku menyang ruang tamu)
Kancane Rifa ora ngerti yen sing mbukaki lawang iku Rida, amarga Rifa ora pernah cerita yen Rifa duwe kembaran yaiku Rida . Tangan e Rida sing ora ana tompel e kaya Rifa , uga ora ketara , amarga pas kuwi Rida nganggo klambi lengen dhawa . Rubiyati lan Partini tetep percaya yen Rida iku Rifa .
Rubiyati : “ Lho, ayo cepet Ri , nggarap tugase !”
Partini : “ He’e , wis kesoren , selak keju ki lho .”
Rida : “ Ha? Keju? , kuwi kan sing di pangan to ? masak selak dipangan ?”
Partini : “ Hiiihhhh ........”
Partini & Rubiyati : “ Kuwi keju... piye ya ...”
Ngerti-ngerti Mas Kasyan njedul
Mas Kasyan : “ Sapa ta ribut-ribut ? malah ngomongke keju ?”
Rubiyati , Partini, Rida kaget lan langsung ndheok’i Mas Kasyan . Mas Kasyan uga ndhelok’i Rubiyati banjur mbathin ...
Mas Kasyan : “ Wiiiiii....... ayune ...... sapa ta kuwi , ana bidadari tiba ...”
Rubiyati krasa di dhelok’i Mas Kasyan banjur mbathin ...
Rubiyati : “ Wiiiiiii...... Mas e Riri bagus tenan ya ..”
Rida : “ Eeeee...... Mas Kasyan , arep ning ndi ta Mas ?”
Mas Kasyan : “ E..eh .. iki lho.. arep menyang sekolah , ekstra basket.”
Mas kasyan metu omah kaliyan ndhelok’i Rubiyati kang ayu, rambute dhawa , putih lan liya-liyane . Rak sadar , Mas Kasyan banjur nabrak cagak ing ngarepe .
Mas Kasyan : “ Aduhhh .... iki jan og , ngalangi dhalan ..”
Rubiyati & Partini : “ Kasian deh loooeeee ...... hahahaha”
MasKasyan: “ Hii, loh kok padha ngerti jenengku ya ? wah aku terkenal ta , ya wis tak mangkat ndhisik ya , assalamualaikum ..”
Rubiyati,Partini,Rida : “ Waalaikumsalam ..”
Mas Kasyan banjur mangkat menyang sekolah . nanging Rubiyati , Partini lan Rida lagi ngomong-ngomong .
Partini : “ Wis wis piye iki tugase ?”
Rida : “ Tugas apa ta ? Aku ora ngerti ?”
Rubiyati : “ Tugas IPS ta ya .... masak lali ??”
Rida : “ Ha? Aku arep mangkat ngaji . kwe ki sapa ta ?”
Rubiyati : “ Loh Rifa ki piye ta ? rak nggenah , sombong mu ki lho ..”
Rida : “ Kwe nggolek’i sapa ? Aku ki Rida .. aku ora Rifa .”
Rubiyati : “ Ha? Rida ? seng nggenah ta , kwe kan rifa ta ?”
Partini: “ Ya wis lah karepmu , ayo ti , nggarap dhewe wae ning omah ku sing kejedug Mas e sing amnesia Rifa , jan RCT .”
Rida : “ Ha? Ya wis ta kana . di kandhani kok ora percaya .”
Rubiyati & Partini : “ Okay fix , bye.”
Rida : “ Napa ta ya ya , ya wis , aku arep ngaji kok .”
Rida banjur mangkat ngaji , nanging Rubiyati lan Partini menyang omah e partini .
BABAK 4
Nalika ing ndhalan , Rubiyati lan Partini ketemu Rifa ingkang mulih saka warnet .
Rifa : “ Lho .. Ayo ning omah ku , wis sore ki lho .”
Partini : “ Lho , piye to Ri ? kok ora nggenah , jarene mau arep mangkat ngaji .”
Rifa : “ Lho , ora kok , Aku ki .....”
Rubiyati : “ Hallahh .. Wis wis ora usah kakehan alesan .”
Partini : “ ayo cepet ning omahmu .”
Rifa : “ tak jelaske sek , hallahh ya wis lah , ayo ning omahku , wis sore.”
Rifa, Rubiyati lan Partini banjur nggarap tugas ning omah e Rifa . nanging , Rifa durung sempet njelaske , yen Rifa mau ning warnet , lan sing ning omah iku kembarane yaiku Rida .
Wayah wis arep maghrib , tugase Rifa , Partini lan Rubiyati wis rampung . sawise kuwi Rubiyati lan Partini banjur mulih . Rifa langsung mlebu kamar nggarap tugas liyane .
Pas Rifa lagi ning kamar , ngerti ngerti ana sing teka , jebule Rochmah . Rochmah iku kanca pindahan kelas 6 Rifa lan Rida . nanging sing nemuni rochmah iku Rifa tok , amarga Rida lagi ngaji lan durung mulih .
Rochmah : “ Assalamualaikum ,, Ri .. Rida ...”
Rifa : “ Ya waalaikumsalam , ya mengko sek.” (mlaku banjur mbukak lawang)
Rochmah : “ Fa ?”
Rifa : “ Eh Rochmah , ana apa ta ? nggolek’i Rida ta ?”
Rochmah : “ Iya , lha Rida ne ana apa ora ta Fa ?”
Rifa : “ Rida isih ngaji , paling sedhelak maneh mulih .”
Rochmah : “ Ya wis , tak enteni ya Fa .”
Pas Rifa lan Rochmah lagi omong-omong an ing cedhak lawang , Mas Kasyan mulih .
Mas Kasyan : “ Assalamualaikum .”
Rifa,Rochmah : “ Waalaikumsalam .”
Sawise salam Mas Kasyan langsung menyang kamare . Rifa lan Rochmah langsung omong omong an maneh .
Rochmah : “ Lah kuwi mas mu ta Fa ?”
Rifa : “ Iya , kuwi Mas Kasyan . O iya mlebu wae . Aku tak ning kamar sek ya.”
Rochmah : “ Iya Fa .”
Rak suwe Rochmah ngenteni , Rida mulih ngaji , banjur mlebu omah lan ngerti yen ana Rochmah .
Rida : “ Assalamualaikum , eh Rochmah , wis suwe ? ana apa ?”
Rochmah : “ Ora suwe Da . iki lho Aku arep takon PR.”
Rida : “ O iya . sek ya tak salin ndhisik .”
Rochmah : “ O iya Da .”
Sawise Rida salin , Rida lan Rochmah banjur omong-omong an ing ruang tamu ngrembug PR . ora suwe , Rochmah mulih .
BABAK 5
Wayah wis wengi , Bapak lan Ibu lagi wae mulih . Kaluwarga KASbon wis padha ana ing omah , lan padha kumpul bareng , nanging Rifa malah ing kamar e amarga akeh tugas .
Mas Kasyan : “ Loh Pak Bu , mau saking pundhi ta ?”
Ibu : “ Ana kondangan le , Ning Bu Poniyem .”
Rida : “ Oallahh... Budhe Poniyem , napa tebih ta bu ? kok ngantos maghrib ?”
Bapak: “ Ora ta nduk .. genah budhe Poniyem tanggane dhewe lho ya , apa ora kelingan , mau mampir ndhisik besuk ing kancane bapak.”
Rida : “ Oallahh...”
Ibu : “ Ya wis ki wis wengi , ayo padha sinau , loh lha Rifa ndhi ta ? ”
Mas Kasyan & Rida : “ Nggih Bu .”
Rida : “ Rifa ing kamar Bu .”
Sawise padha kumpul bareng , Bapak lan Ibu menyang kamar , Rida uga menyang kamare . pas Rida lagi enak-enak maca buku , Mas Kasyan njedul , mlebu kamare Rida .
Mas Kasyan : “ Eh ,, Ri Rida .. , tak kandhani .”
Rida : “ Ana apa ta Mas , kok ora sinau ?”
Mas Kasyan : “ Aku arep takon Da , Aku ora bisa sinau . lagi deg-deg ser Da .”
Rida : “ Takon apa ta Mas , kok ribet wae .”
Mas Kasyan : “ Tapi aku isin Da .”
Rida : “ Loh , Mas Kasyan dhuwe isin ta ?”
Mas Kasyan : “ Hiihh .... ngece , Aku bar isi ulang lho Da , ning Bu Marfu’ah .”
Rida : “ Haha ora lucu Mas .. Oalah .. Lha Mas Kasyan arep takon apa ta ?”
Mas Kasyan : “ Ehmm... Ngene lho Da , mau kanca mu jenenge sapa ta , kok ayu men?”
Rida : “ Ha? Kanca sing ndhi ta Mas ?”
Mas Kasyan: “ Halah. Sing mau rene, sing bocah e wedok, ayu, rambute dhawa lurus, putih, wah pokok’e siippp tenan lah Da, Aku dadi deg-deg ser ki lho .”
Rida : “ Ha? Sing ndi ta Mas , sek tak mikir sek .”
Rida mikir sedhelak , Rida bingung , sapa sing di maksud Mas Kasyan ? Rida ora ngerti yen sing dimaksud Mas Kasyan iku Rubiyati , padahal rubiyati iku ora kancane Rida nanging kancane Rifa . Rida malah ngomong yen kancane sing rene iku Rochmah amarga rambute rohmah ya dhawa , Rochmah ya putih . padahal Mas Kasyan iku senenge karo Rubiyati ora Rochmah .
Rida : “ Oallahhh .... Rochmah ta Mas ...”
Mas Kasyan : “ Masak ta Da ? ya wis , lha kwe ngerti nomer e ?”
Rida : “ Acie cie ,,... Nomer apa Mas ? Nomer sepatu ? haha.”
Mas Kasyan : “ Ya ora ta Da , Nomer HP ne .”
Rida : “ Oallahh ... acie cie ... sek ya Mas .”
Rida banjur mbukak Hp ne lan nggolek’i nomer HP ne Rochmah .
Rida : “ Iki Mas , 0871455717175 .”
Mas Kasyan : “ Sek ta Da , aja cepet-cepet .”
Rida : “ Hallaahhh ... ya wis , 0871455717175 . wis Mas .”
Mas Kasyan : “ Ya wis Da , matur nuwun ya .”
Mas Kasyan banjur mbalik menyang kamare , banjur telpon Rochmah .
Mas Kasyan : “ Assalamualaikum .. iki bener Rochmah ?”
Rochmah : “ Waalaimkumsalam . Bener niki sinten ? ing pundi ?”
Mas Kasyan : “ Aku Kasyan , Ing njero kamar .”
Rochmah : “ Oooo.... Mas Kasyan ...... Kasyan sinten ta ?”
Mas Kasyan : “ Mas e Rida lan Rifa .”
Rochmah : “ Oooo...... ana apa ta Mas ?”
Mas Kasyan : “ Aku arep ngomong Mah , nanging aku isin .....”
Rochmah : “ Ngomong apa ta ?”
Mas Kasyan : “ AAAAAA....KKKKKKKKKK.........UUUUUUUU........Sakjane tresna marang sliramu .”
Rochmah: “ Haaaaahhhhaaaahhhaaaa .... wkwkwkwkwkwkwkwkwk . Rak sah guyon ta Mas , Ora lucu Mas ..”
Mas Kasyan : “Aku ora guyonan, aku ki tenanan seneng marang Sliramu.”
Rochmah : “ Masak ta Mas?”
Mas Kasyan : “ Tenan ya Mah,lha nak kowe piye?”
Rochmah : “ Sing asli aku ya seneng marang Sliramu.”
Mas Kasyan : “Alhamdulillah,lha Sampeyan gelem ora dadi pacarku.” (Mas Kasyan jingkrak-jingkrak ing dhuwur kasur)
Rochmah : “Piye ya Mas........., tak pikir-pikir dhisik.”
Mas Kasyan : “Ya.... wis tapi aja suwi-suwi ya Mah.”
Rochmah: “Ya....Mas Insyallah jawabane pas aku menyang omahe Sampeyan.” (Rochmah banjur nutup telpone.)
BABAK 6
Wayah wis esuk bocah-bocah padha mangkat sekolah, Rida lan Rifa mangkat sekolahe mlencar, amarga sekolahe beda. Ing dalan Rida ketemu Budhe Poniyem.
Kasrida : “Budhe....”
Budhe :”Arep menyang ndi Da?”
Kasrida :”Badhe sekolah budhe.”
Budhe :”Ooooo sekolahanmu ndi ta?”
Rida :”Eeee mrika budhe SMP Ronggolawe.”
Budhe :”Ooooo Ronggolawe, numpak apa Da?’’
Budhe Poniyem ngira yen sekolahe Kasrida daerah Gunung Pati.
Rida :”Kula mlampah dhe.”
Budhe :” Walah dalah opo ra kesel Da, kan adoh, ora numpak bis wae?”
Rida :”Mboten dhe, mboten wonten bis. Ronggolawe niku cedhak rel.”
Budhe :”Lho daerah kana ki ana rel ta Da, kok aku ora ngerti?”
Rida :”Nggih budhe, nggihpun kula mangkat rumiyen.”
Budhe :”Heh.... Enteni sek, kok melasmen to kowe Da, Ki dak tambahi sangu.”
Rida :”Mboten usah repot-repot budhe.”
Budhe:’’Ora papa, saake kowe wis sekolahe adoh, mlakune munggah gunung, angine banter meneh, ki lho ponine budhe nganti mabur-mabur.”
Rida :” Budhe....Budhe, sampun sepuh kok gadhah poni.”
Budhe :”He...Lha...Dalah.... lha wong jenenge wae model jaman saiki.”
Rida :”Oooo, pantesan naminipun budhe, Budhe Poniyem.”
Budhe :”Hehehehe, iki sangune, wis-wis gawa wae, ora usah isin-isin.”
Rida :”Matur nuwun budhe, kula mangkat rumiyen.”
Budhe :”Ya wis, mengko ndak telat, ati-ati ya Da.”
Rida :”Nggihpun, mangga budhe.”
Ora krasa Kasrida mlaku wis tekan sekolahan, ing sekolah Kasrida ketemu Rochmah. Rochmah banjur cerita marang Kasrida.
Rochmah :”Rida..............”
Rida :”Ya Mah, kok keto’e Kowe seneng banget,kesambet apa?”
Rocmah :”Hehe.......... lha mbok kira aku kesurupan?”
Rida :”Lha terus kenapa? Kok ketoke kowe seneng banget?”
Rocmah :”Aku meh cerita,nanging aja kandakake sapa-sapa !”
Rida :” Yaaaa......”
Rocmah :”Ngene lhooooo mau mbengi aku ditelepon Mas Kasyan.”
Rida :”Mas Kasyan telpon kowe ngomong apa taaaa, kok kowe seneng banget?”
Rocmah :”Mas Kasyan mau mbengi nembak aku.”
Rida :”Ha.. ditembak ? Apa ora lara ? Kayake Mas Kasyan ora duwe tembakan?”
Rocmah :”Aduh.......... ngomong karo Kasrida. Ora ana rampunge.”
BABAK 7
Ing sekolah Kasrifa , Rubiyati cerita marang Partini , yen Rubiyati seneng karo Mas Kasyan .
Rubiyati : “ Par .. Partini .... , Aku arep cerita karo kowe .”
Partini : “ Cerita apa ta Ti ?”
Rubiyati : “ Wingi pas ing omahe Rifa , kowe ngerti ora ? Mas e Rifa sing nabrak
cagak ki lho .... Bagus tenan ya ....”
Partini : “ Ooo.... Mas Kasyan ....”
Rubiyati : “ Ooo jenenge Mas Kasyan ta ? bagus ya ...”
Partini : “ Lha terus kowe arep cerita apa ta Ti ?”
Rubiyati : “ Tapi kowe aja ngguyu ya .”
Partini : “ Ya ya , lah cepet ta arep cerita apa ?”
Rubiyati : “ Ngene lhooo .... Aku seneng karo Mas Kasyan .”
Partini : “ Haaaaaaaaaaaaa,...........................................” (karo kaget)
Rubiyati : “ Kowe gelem ora , pura-pura ora ngerti matematika sing wingi diajarake ,
Trus dhewe takon Rifa . banjur ing omahe .”
Partini: “ Ooooo .... cerita ne kowe pengen ketemu Mas Kasyan ?” (ngerti- ngerti Rifa njedul ... Rubiyati lan Partini banjur kaget .)
Rifa : “ Ngomongke apa ta , kok aku ora diajak ?” (Partini lan Rubiyati njawab rada gagap.)
Rubiyati : “ Ehmmmm ..... Ora ngomongke apa apa kok Fa .”
Rifa : “ Halllaah.... jujur wae ning balik ora apa apa , mesti akeh apa apa ne .”
Partini: “ Hehehe, jhahahaha... wis ora usah dipikir , mau Aku karo Rubiyati ngomongke matematika sing diajarake wingi , Aku durung mudeng Fa.”
Rifa : “ Ooooo... kuwi , Aku wis mudeng , tak ajari pa ?”
Rubiyati : “ Ning omah mu ya ?”
Rifa : “ Ya wis .. bar bali sekolah ya.”
Rubiyati & Partini : “ Ya Fa .”
Ora krasa wis wayah e bali . Rifa, Rubiyati lan Partini menyang omahe Rifa . Sawise tekan . Sing mbukaki lawang Ibu e Rifa .
Rifa : “ Assalamualaikum .”
Ibu : “ Waalaikumsalam , Oo ana kancane ta , ayo padha mlebu .”
Rubiyati lan Partini banjur salaman karo Ibu e Rifa . sawise kuwi , Rubiyati lan Partini banjur mlebu lan lungguh ing ruang tamu . Rifa lan kancane lagi omong omong an , nanging Ibu menyang Dapur .
BABAK 8
Ana ing dapur Ibu lagi omong omongan kaliyan Bapak .
Ibu : “ Pak ............. kanca ne Rifa padha teka , ora dhuwe panganan ik pak .”
Bapak : “ Ya wis ta Bu , kasbon wae ing Bu Marfu’ah .”
Ibu : “ Halahh .. Pak ora usah awake dhewe wis kakehan kasbon , ora penak .”
Ngerti-ngerti ana sing nggedor nggedor lawang mburi , jebule sing teka yaiku Bu Poniyem . Bu Poniyem ngeteri jajan turahan ndhuwe gawe wingi .
Bu Poniyem : “ Assalamualakum .”
Bapak& Ibu : “ Waalaikumsalam .” (Ibu mlaku mbukaki lawang)
Ibu : “ Wonten napa Bu ?”
Bu Poniyem : “ Iki lho Bu wonten jajan saking kula .”
Ibu : “ Oo nggih , maturnuwun nggih Bu .”
Bu Poniyem : “ Nggih pun Bu , sami sami , kula pareng rumiyin nggih .”
Ibu : “ Nggih Bu ... Mangga ..”
Ibu e Rifa banjur nyepakake ngombe lan panganan kanggo kanca kanca ne Rifa .Ing ruang tamu Ibu nyelehake ngombe lan panganan , bebarengan kuwi Mas Kasyan mlebu omah.
Mas Kasyan : ” Assalamualaikum .”
Kabeh : “ Waalaikum salam.”
Partini : “ Heh. Kuwi Mas Kasyan.” (ngandani lan nyenggol-nyenggol Rubiyati)
Rubiyati : “ He’e bagus tenan ya…….”
Mas Kasyan : “ Eeeee Rochmah ,piye wis ngerti jawabane?” (Rubiyati, Partini,lan Kasrifa bingung. )
Rubiyati : “Lhoooo , Sampean ngomong kaleh kula,Mas.”
Mas Kasyan : “ iya ,kowe Rochmah taa..?terus jawabane piye?”
Rubiyati : “ Jawaban apa taaa Mas?”
Mas Kasyan : “ Hallllaaaaah sing ning telephone wingi lhoooo.”
Rubiyati: “ Telpon? Kapan? Ing pundi? Jam pinten? Menit pinten? Detik pinten? Napa sampeyan gadhah nomere kula?”
Mas Kasyan : “Aku nduwe to ya, kan aku njaluk Rida.”
Rubiyati : ” Rida sapa taaaa Mas ? Maksude Rifa paaaa…”
Kasrida lan Partini bingung ndeloki mas Kasyan lan Rubiyati .Let sedelok Kasrida Lan Rochmah teka.
Rida Lan Rochmah : ” Assalamualaikum .”
Kabeh : “ Wa’alaikum salam.”
Mas Kasyan :” lhaaaaa iki Rida. Da iki taaa Rochmah.” (Karo nuding Rubiyati)
Rida : “ Ora…. Mas….. Iki lhoooo Rochmah.” (Karo nuding Rochmah)
Kasrifa ora pernah ngandani Rubiyati lan Partini menawa dheweke nduwe kembaran yaiku Kasrida. Kasrifa isin arep cerita marang kancane, amarga kembarane rada ora pinter lan sekolahe ana SMP Ranggalawe.
Mas Kasyan bingung, amarga Mas Kasyan rumangsa telepon Rubiyati sing dikira Mas Kasyan iku jenenge Rochmah, nanging malah sing nampa telpone yaiku Rochmah kancane Kasrida sing ora dikenal dening Mas Kasyan.
Mas Kasyan: ”Piye ta iki maksud’e, aku malah dadi bingung.” (Rubiyati lan Partini ndelok’i Kasrifa, Partini banjur takon marang Kasrifa)
Partini: “Kuwi sapa Fa, kok wajahe padha karo kowe, kaya jambe sinegar. Apa kowe nduweni kembaran?” (Karo nuding Kasrida)
Kasrifa : “Kuwi Kasrida, kembaranku.”
Partrini : ”Lha kowe kok ora pernah cerita?”
Rubiyati : “Dadi wingi kae dhewe nemonine Kasrida?. Pantesan kok ora kenal marang aku lan Partini.”
Kasrifa: ”Dadi kowe lan Partini wis tau ketemu Kasrida ta?, ngapurane ya amarga aku ora pernah cerita marang kowe lan Partini.”
Rubiyati: ”Njaluk ngapura iku gampang Fa, nanging gara-gara kowe Mas Kasyan malah telpon ing nomere Rochmah, ora nomerku, padhal aku yo seneng karo Mas Kasyan. Yaw is Par, ayo mulih. Nduwe kanca kok jahatmen.”
Kasrida lan Rochmah ora ngerti apa masalahe, Kasrida banjur takon marang Kasrifa.
Kasrida : ‘’Iki ana apa ta Fa, aku ora mudeng.”
Kasrifa : ‘’ Wis…wis, ora usah dibahas meneh. Gara-gara kowe kanca-kancaku dadi nesu karo aku.” (Kasrifa banjur mlebu kamar).
Sapeninggale Kasrifa, Kasrida lan Rochmah omong-omongan.
Kasrida: ‘’Lho Mah, dadi sing dimaksud Mas Kasyan kuwi Rubiyati kancane Rifa mau ta, berarti ora kowe?. Ngapurane ya Mah.”
Rochmah: “Iya Da, yaw is ora papa, aku ya salah kok, aku wae sing gegedhen rumangsa. Ya wis Da aku mulih ndishik. Assalamu’alaikum.”
Kasrida : ‘’Wa’alaikumsalam, ati-ati ya Mah!”
BABAK 9
Ing mangsa ketiga iki bengi-bengi hawane ing omah Kaluwarga Kasbon krasa sumuk amarga ora ana angin babar blas.
Kasrifa lagi nesu marang Kasrida. Kekarone meneng-menengan. Kasrifa lagi maca buku pelajaran, dene Kasrida lagi bingung mung turonan ing kasur lan miker-miker ngenani masalah mau awan, Kasrida banjur mara ing kasure Mas Kasyan.”
Kasrida : ”Mas…. Mas Kasyan aku njaluk ngapurane ya, amarga masalah mau awan.”
Mas Kasyan : “Kowe ki piye ta Da, kok iso-isone dadi kaya ngene iki.”
Kasrida: “Lha dak kira sing dimaksud Mas Kasyan kuwi kancaku Rochmah Mas, amarga ciri-cirine padha.”
Mas Kasyan : “Sing asli kuwi kancane sapa ta? Kancamu apa Rifa?”
Kasrida : “Kuwi kancane Rifa mas.”
Mas Kasyan: “Yo wis, Rifa yo nesu, wis saiki ayo njaluk ngapura menyang kamare.” (Karo mlaku menyang kamare Rifa)
Mas Kasyan lan Kasrida banjur mlebu kamare Kasrifa. Ngerti yen Mas Kasyan lan Kasrida arep mlebu, Rifa langsung tutupan bantal, amarga Rifa wis nesu banget.
Mas Kasyan : ”Fa…. Rifa …” (Karo mlaku nuju kasure Rifa)
Kasrifa : “Napa ta mas…..mas….?” (Njerit-njerit)
Kasrida : “Ya Allah Fa….. aku lan Mas Kasyan ora ngerti dadine bakal ngene.”
Kasrifa : “Ora masalah ngana, saiki aku wis ora nduwe kanca meneh.”
Mas Kasyan : “Iya Fa, tapi aku lan Rida arep nyuwun ngapura.”
Kasrifa : “Iya nyuwun ngapura gampang, tapi saiki aku wis dimusuhi kanca-kancaku.”
Mireng ribut-ribut saka njero kamare Kasrifa lan Kasrida, bapak lan ibu dadi bingung, bapak lan ibu banjur mlebu ing kamare Rifa lan Rida.
Ibu : “Ana apa ta? Kok awit mau ribut terus?”
Kasrida : “Iki lho bu, Rifa nesu.”
Ibu : “Lha kok nesu napa?”
Kasrifa : “Iki lho bu, Mas Kasyan Lan Rida……” (Kasrifa durung rampung anggone ngomong, ngerti-ngerti bapak nengahi)
Bapak : “Ya wis….ya wis ngene wae, saiki padha metu, ayo lungguh ing ruang kaluwarga, dirembug bareng-bareng.”
Kaluwarga KASbon wis padha lungguh ing ruang kaluwarga, Bapak banjur ngendika.
Bapak : “Saiki ngene….. mau bapak miring yen Rifa nesu, ana apa ta?”
Rifa : “Ngeten lho pak…. Gara-gara Mas Kasyan lan Rida, kanca-kancanipun kula nesu marang kula.”
Bapak : “Lha kok bisa?”
Rifa: “Rencange kula ingkang namine Rubiyati dados nesu kaliyan kula amargi Rubiyati tresna marang Mas Kasyan. Mas Kasyan uga tresna marang Rubiyati, nanging Rida malah maringi nomer hp ne Rochmah pak, dadosipun rencange kula nesu kaliyan kula.”
Bapak : “Lho…lho….lho. Lha Rochmah ki sapa meneh?”
Rifa : “Niku lho pak rencange kula lan Rida pas kelas 6 SD.”
Bapak : “Lho lha kok Mas Kasyan bisa ora kenal? Kok kebangetan men.”
Rifa : “Rochmah niku rencang anyarane kula kalih Rida, pindahan saking Jogja.”
Bapak : “Oalah…. Pantesan.”
Nalika bapak wis ngerti masalahe, bapak banjur nyeramahi putra-putrane.
Bapak: “Ya wis, ora usah padha ribut, marang sedhulur ora pareng kaya ngana ta…. Kudu akur, ora pareng nesu-nesu ngana… Ya Fa…”
Rifa : “Halah…. Tapi pak….”
Ibu : “ Wis Fa, ora usah nglawan wong tuwo.”
Rifa : ”Nggih Bu, ngapunten.”
Bapak : ”Wis saiki ngene bae, Mas Kasyan ora kena pacar-pacaran. Isih cilik kok pacaran, Rifa lan Rida ya uga ora entuk pacar-pacaran.”
Bocah-bocah : ”Nggih pak”
Bapak :”Ya wis , saiki ngene wae, Rifa ora pareng nesu marang Mas Kasyan lan Rida maneh.”
Rifa:” Nggih pak…. Ngapurane ya Mas, aku wis nesu-nesu, ngapurane ya Da amarga aku ora cerita marang kanca kancaku yen aku duwe kembaran .” (nggenggem tangane Rida)
Rida :” Ya Fa aku ya salah , amarga ora ngandani kancamu yen aku ora Rifa.”
Ibu :” Ya wis yen ngene kan kepenak taaa ora ana musuh-musuhan meneh wis sesuk ing sekolah padha njaluk ngapura karo kanca kancane.”
Rida & Rifa :”nggiih bu.”
Mas Kasyan :”Rifa ,Rida aku nitip salam lan ngapuraku ya sampekna ing rubiyati, partini lan rochmah.”
Rida & Rifa : “Ya… mas.”
Pungkasanipun cerita Mas Kasyan, Rida, Rifa, Rubiyati , Rochmah, lan Partini dadi kanca lan ora ana salah paham maneh. Kaluwarga KASbon uga entuk hadiah saka adah sabun yaiku 10.000.000 rupiah duwit kasebut kangge mbayar KASbon ing Bu Marfuah. Sawise kuwi kaluwarga KASbon urip tentrem lan ora tau KASbon maneh.